Sabtu, 17 Desember 2016

Tundhanipun Kliksaya.com Prapteng Lampus

Sasampunipun sawatawis dangu Kliksaya.com mijil nggegana, angenguwung sumundhul ing antariksa, wekasanipun wekdal samangke nyata sampun dumugi ing pralaya, kantaka sumungkur ing bantala, sirna musna prapteng lampus. Dupi ngawuningani kawontenan punika, paranpara ingkang sami hanawung karya, kinarya mitra-panyengkuyung satemah dadya kodheng salebeting driya. Sasat sinamber ing gelap lepat, campuh sinapu ing maruta manda, bel mangalad ubaling dahana murup muntap jroning wardaya.

Yekti lamun amulat ingkang wus kawuri, lelampahan kadon mekaten pranyata sampun dados adat pakarti limrah, watak candhala, laku dursila juti, adigang adigung adiguna ingkang mboten aneh saha nggumunaken malih, satemah amung saget anampi menapa ingkang sampun kalampahan. Kanthi punika sumangga sampun ngantos lenggah angutha waton, kandeg ing pambudi-daya, kalulun ing raos sungkawa, gya bangkit lumajar, golong-gilig wungkul sawiji ing janji tan kendhat anggayuh ingkang kinayun. Donga pamuji, manekung mring hyang Widhi anjampangi, mugi tinebihna sakehing satru dendha, cinaketna ing kayuwanan, lulus raharja ingkang sinedya. Amien!

2 komentar:

Unknown mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
alicetaylor mengatakan...

I was working and suddenly I visits your site frequently and recommended it to me to read also. The writing style is superior and the content is relevant. Thanks for the insight you provide the readers!

retrica  | sonic dash |happy wheels