Tresna Kang Pinilih
Wiwit jam telu sore mau adik-adik sing isih padha sekolah ana SD lagi padha sinau ngaji ana masjid ing desaku. Atiku seneng banget nyawang bocah-bocah kang padha sregep anggone nyinau marang ngilmu agama. Aku kang kajibah mulang bocah-bocah iki pancen wis caket banget mung kaya dene mbakyu lan adhi. '' Dik, ngajine wektu iki semene dhisik ya, sesuk sore di lanjutake maneh!, kandhaku marang bocah-bocah. '' Enggih mbak '', jawabe bocah-bocah nuli padha nglumpukake buku ngajine. Sabanjure lawang serambi masjid nuli tak tutup ditutup supaya ora ana reget kang bisa mlebu. '' Mbudhe kula pareng rumiyin '', kandhaku marang budheku kang daleme ing ngarep masjid iki. '' O, iya ndhuk, wis rampung ta ngajine, ngati ati ya. '' Inggih budhe '', jawabku tumuli mlaku metu saka plataran masjid tumuju ndalan kang ing kono wis nunggu pit onthelku sing rada tua. Lan nalika aku lagi arep nggenjot pitku, “Dhik Aisyah, piye apa lali janjine wingi?” ana swara kang nyeluk jenengku. Mak dhek rasaning atiku amarga aku wis apal marang swara iki. '' Mas Adi ta! kaget aku mas! Mas Adi nyawang aku kanthi beda sajak ana kang diarep-arep kang wis suwe dianti-anti. '' Wah piye ta dhik, apa lali karo janjimu wingi?” Tak telpon sliramu ora ngangkat. '' Aduh nyuwun pangapunten mas, mbok menawi wingi kula nembe mboten wonten.'' Sejatine aku ya mung geguyon karo mas gun, merga aku isin lan dheg dhegan jroning atiku nalika mas gun nyeluk jenengku.
Ngene lho dhik, aku mau dolan neng omahmu, nanging sliramu ora ana ndalem. Apa mas? mas Adi menyang ngomahku? trus ketemu karo ibu? Aku kaget banget amarga ibu ngendika manawa suk malem minggu bakal ana tamu saka ibu Lina kenalane ibuku. Ngendikane ibu Lina bakal nggawa foto putrane sing bakal dikenalake karo aku. Wah, ibu mesthi bakal duka karo aku amarga mas Adi nate dolan neng ngomah. '' Dhik, ana apa ta! kok meneng wae ''. mas Adi takon maneh. '' Oh, ora kok mas! ora ana apa-apa ''. '' Emm mas, ibu wau ngendika napa? ” Aku takon karo mas Adi. ”Ora ngendika apa-apa kok , mung ibu ngendika matur nuwun diparingi oleh-oleh, terus...mas Adi mandheg anggone ngendika. '' Terus napa mas? '' aku nyoba nggacar ngendikane mas Adi. '' Terus..anu dhik, jan-jane sliramu kuwi duwe rasa seneng ora ta karo aku? '' Mas Adi terus ganti takon marang aku. Aku bingung lan meneng wae. Jroning ati aku ngudarasa apa ibu ora ngerti yen priya sing ana jroning atiku iku mas Adi. Kamangka ibu wis kebacut manteb karo pilihane ibu yaiku mas Bagas lan percaya yen priya sing bakal ditepungake marang aku sawijining priya kang tanggung-jawab lan wis mapan.
Aku bingung ora wani nyawang mas Adi, atiku rasane ora karu-karuan, rasane kaya kudu njerit nanging aku ora kuwawa ngomong apa-apa karo mas Adi. Mung amplop siji sing isih ana njero tasku dadi seksi rasaning atiku. '' Dhik! aku njaluk ngerti sing satemene, apa sing mbok kandhakake bakal tak tampa ''. '' Aku bingung mas kudu piye ''. Aku nyoba nyauri pitakonane mas Adi. '' Marga apa dhik? apa sliramu wis ora tresna maneh karo aku? Mas Adi saya banter anggone takon. '' Yo wis, Aku bakal nampa apa wae sing bakal mbok kandhakake. Aku mung bisa ndhingkluk, ora krasa mripatku kembeng-kembeng ora suwe ana banyu kang tumetes neng pangkonku. Aku nangis ana ngarepe Mas Adi. Aku ora ngira yen mas Adi bakal nagih apa kang nate ditakokake marang aku jawaban telung wulan kepungkur. Yen aku ngomong karo mas Adi, babakan pilihane ibu, banjur kepiye mas Adi, mesthi bakal gawe gelo. Nanging yen ora takaturke, uga bakal ora prayoga tembe mburine. Ibu wis bakal nepungake aku karo mas bagas.
Janjiku marang mas Adi telung sasi kepungkur, yen wis rampung jejibahanku neng kantor aku bakal menehi jawaban karo masa Adi. Mas Adi nate ngendika supaya aku gelem dadi sisihane. Nanging ibuku wis duwe pilihan liya kang bakal ditepungake marang aku yaiku mas Bagas. Karo ndredeg ora karu-karuan aku mulungake layang marang mas Adi. Mas Adi gage mbukak amplop lan maca isine. Rasane kaya arep semaput mirsani mas Adi pasuryane mbrabak lan gemeter kabeh tangane. Pancen aku ora gelem duwe sesambungan karo priya nganti tekan titiwancine aku omah-omah. Eling ngendikane ibu manawa sesambungan karo priya kang durung wancine iku malah bakal gawe ruwet pikir lan durung mesti bakal langgeng sesambungane. Sanajan sajatine aku uga seneng karo mas Adi priya sing prigel, grapyak lan sregep sholat. Wanita kudu bisa njaga ajining diri, ora gampang kagodha.
Lagi wae mas Adi rumangsa rada tenang, dumadakan adikku nyeluk saka kadohan. '' Mbak, ditimbali ibu! '' celuke adiku rada banter. '' Iya dhik,'' aku nyauri kanti gemeter. Ibu mesthi bakal duka babagan mas Adi. Aku mlayu rada kesusu karo dheg-dhegan ora genah. Nanging wis kadung kebacut, aku kudu ngadhepi dukane ibu. Semono uga mas Adi nuli nututi aku neng buriku. Aku banjur mlebu neng njero omah lan ibu wis lungguh ana kursi karo nyekel amplop. '' Aisyah, coba mrene, ibu arep ngendika! coba Adi celuken mlebu mrene. Gage aku metu lan nyeluk mas Adi. '' Mas, ditimbali ibu! ''. Mas Adi mlebu sajak rada gugup, semono uga aku. '' Wonten menapa bu?'' aku takon maneh. Iki ana amplop sangka ibune Bagas coba bukaken apa isine. Atiku saya ora karu-karuan nampa amplop kang diasto ibu, tak bukak, lan isine ana foto, tambah kaget maneh barang aku nyawang foto iku, jebul foto sing ana njero amplop iku ora liya fotone mas Adi. Ana jenenge Adi bagaskoro, ora liya iku ya mas Adi ya mas Bagas. Atiku kaya siniram banyu wayu sewindu bareng weruh isi amplop iki. '' Mas Adi, mas Adi! '' aku mbengok tanpa kepikir, saking senengku. Jebul priya pilihane ibu uga priya sing tak karepake lan tak tresnani. Aku lan mas Bagas sungkem ana ngarsane ibu. Ibu ngestoni kowe kabeh muga-muga bisa bebrayan kanthi ayem tentrem. Matur nuwun gusti saha ibu saking sedaya kanugrahanipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar