Senin, 23 Januari 2012

Pidato Pernikahan Bahasa Jawa '' Sabda-tama ''

Berbagi pengetahuan buat sobat-sobat semua mengenai contoh Sabda-tama pidato Pernikahan bahasa Jawa. Berikut '' tuladha'' Sabda-tama pidato pengantin bahasa Jawa kagem Panjenengan, mudah-mudahan bisa menjadi bahan dan saling berbagi ilmu juga dapat membantu teman-teman untuk belajar pidato Pernikahan bahasa Jawa. Berikut Sabda-tama pidato Pernikahan bahasa Jawa selengkapnya.




Assalamu,alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, para Pinisepuh, Adisepuh, para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. Nuninggih sakderengipun nyuwun agunging samudra pangaksami, mundhi dhawuh saking panjenenganipun kadang pranatacara bilih kawula ingkang piniji, kajibah angaturaken menggah wedharing sabdatama wulang utami dhumateng putra pinanganten sarimbit. Tuhu dereng darajat menawi kawula paring sabdatama, jer Sabda mekaten, boten wonten ingkang pantes hangagem, kajawi amung Gusti ingkang dados tuking samukawis. Bilih sabdatama makaten, mengku teges wulang utami dhedhasar sadaya Sabda-sabdaning Pangeran, ingkang sampun kawahya ing salebeting serat-serat suci. Nuninggih sanadyan kanthi awrating manah, karana kathah para winasis, para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh, ingkang sakelangkung lebda ing piptutur, parikedah boten saged hambantah, minangkani pamundhutipun ingkang hamengku gati, sawatawis suka wawasan ing babagan prayogining bebrayan. Tuhu pinanganten sarimbit, yekti langkung wasis dalah wiar ing pangertosan. Mbokbilih salebeting gesang patembayatan bebrayan, kawula estu langkung rumiyin, sahingga saget pinangka gada suka wawasan tumraping gesang patembayatan bebrayan enggal.


Anakmas temanten sarimbit,
Gegaran tumrap gesang bebrayan enggal punika kasebat wonten gangsal prekawis ingkang sinebat Malima. Malima ing mriki saking tembung mlumah, mengkurep, modot, mlebu lan metu.

- Mlumah, punika nglumahaken tangan, utawi kridaha lumahing asta tegesipun dados tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika aja seneng ngathung, utawi nggadhahi watak ingkang remen njagekaken dhateng pawewehing liyan. Punika pakarti ingkang boten sae.

- Mengkurep, tegesipun ngurepaken asta, bilih tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung punika kedah suka paweweh dhumateng tiyang sanes ingkang tanpa pamrih. Senenga tetulung marang sapa wae sing mbutuhake pitulungan, nanging aja seneng diweruhi wong akeh. Sajroning nindakake dana driyah, paribasane tangan tengen menehi dhuwit, tangan kiwa aja nganti weruh.

- Modot, punika tegesipun modot pikirane, modot nalare, werdinipun bilih dados tiyang tumitah wonten ing alamdonya punika kedah tansah mbudidaya murih undhaking kawruh, dimen jembar wawasanipun.

- Mlebu, tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang mandhapipun dhateng kasaenan, kedah katampi saha dipun lebetaken jroning manah, minangka dados gegebenganipun tiyang gesang bebrayan.

- Metu, mengku werdi sadaya kawruh utawi tumindak ingkang sae ingkang migunani dhumateng tiyang sanes utawi bebrayan agung, kedah dipun tularaken dhateng tiyang sanes.

Saksampunipun Malima katindakaken, kedah Dana ing tepa, Tepa ing rasa, saha Temen tobating rila ingkang pinangka reseping bebrayan sae.

- Tepa ing rasa tegesipun tepa punika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan pakarti punika kedah manut pangrasaning raos . Menawi pakarti tumrap raosing pribadi boten sae lan prayogi, sampun ngantos dipun tindakaken dhumateng tiyang sanes.

Dana ing tepa tegesipun raos pangraos kedah dipun tindakaken utawi dipun patrapaken ing bebrayan agung, sadaya watak srei, drengki, jahil, methakil, dahwen, panasten, kamiopen kedah dipun singkiraken saking salebeting manah.

Temen tobating rila tegesipun kakung, kanthi temen tresna dhumateng kang garwa dumugi nini lan mintuna.

Wonten malih tembung Sacatur, inggih punika Sarupa, sajiwa, Sawanda lan Saekapraya.
- Sarupa, tegesipun kekalihipun rumaos manawi garwanipun sampun ingkang bagus lan sulistya piyambak.

- Sajiwa, mengku werdi kedah saged momong watak, satunggal lan satunggalipun.

- Sawanda, tegesipun adeging bebrayan, pamoring jiwa kekalih.

- Saekapraya, tegesipun tansah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami.

Hambok bilih namung semanten menapa ingkang saged kawula andharaken katur anakmas temanten sarimbit, kinen nularaken ing babagan wulang utamining bebrayan. Pepuntaning atur sugeng nindakaken jejibahaning bebrayan mugi tansah pinaringan kanugrahaning Gusti, nuwun, matur nuwun.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalaamu ‘alaikum Wr. Wb.

Demikianlah contoh ” Sabda-tama Pidato Pernikahan Bahasa Jawa ”. Semoga bermanfaat dan menjadi referensi bagi Anda. Sekian Sabda-tama Pidato Pengantin Bahasa Jawa.

2 komentar:

Unknown mengatakan...
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
PENIRUM mengatakan...

Greetings admin
I like your topic, after reading your article very helpful at all and can be a source of reference
I will wait for your next article updates
Thank you, for sharing

Penirum

Penirum Asli

Obat Penirum

Obat Pembesar Penis

Titan Gel

Vimax

Hammer Of Thor

Extenze

Extenze Asli

Viagra